Bahasa Java



MENAPA KANOPI MENIKA?

Wonten ing hutan hujan tropis, kathah wit-witan lan sato kewan boten namung mapan ing sanginggiling siti (forest floor), ananging saged ugi wonten ing ron ingkang kasebat kanthi asma kanopi. Kanopi ingkang inggilipun 100 pecak (30 meter) saking siti, kedadosan saking pang-pang lan roning wit-witan ingkang tumpuk-matumpuk. Para panaliti mrakirakaken bilih 70-90% saking sakehing agesang ing hutan hujan tropis kapanggihaken wonten ing wit-witan, menika dados habitat ingkang sugih minangka gesangipun wit-witan lan sato kewan. Kadosta wanara, kodhok, kadhal, peksi, sloth, lan kucing alit kapanggihaken ing kanopi.

Lingkungan kanopi benten sanget kaliyan lingkungan ing sanginggiling siti. Wekdal siang, kanopi langkung garing lan langkung benter tinimbang perangan wana sanes, ugi wit-witan lan sato kewan ingkang gesang wonten panggenan menika sampun manunggal kaliyan gesangipun wit-witan. Contonipun, kathah roning kanopi damel susah kangge mirsani saking nginggilan, ndadosaken kewan-kewan kanopi kedah bengok-bengok utawi mawi swanten-swanten tartamtu kangge komunikasi. Papaking apunjul antawisipun wit-witan ugi ndadosaken kewan-kewan kanopi oncat saking satunggal wit tumuju wit sanesipun kanthi muluk, mlumpat, utawi ayunan.

Para ilmuwan sampun dangu kesengsem naliti babagan kanopi, nanging amargi saking inggilipun wit-witan hutan hujan tropisn panaliten ewet dipun leksanani ngantos sakmenika. Ing samangke wonten alat-alat ingkang saged mbiyantu para panaliti kangge miyak wewadining kanopi, kadosta wot tali, andha, lan menara.

Kanopi namung salah satunggaling lapisan-lapisaning wana. Pirsanana dhiagram ing sisih kiwa kangge mangertosi lapisan sanesipun (overstory, understory, shrub layer, lan forest floor)







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler