Bahasa Java



MANUNGSA

Hutan hujan tropis dados griya kangge tiyang pedhalaman ingkang gumantung saking alam sekitaripun kangge nedha, kangge pengayoman, saha kabetahan obat-obatan. Wekdal sakmenika namung sekedhik tiyang wana ingkang gesang kanthi cara tradisional, kathah ingkang dipun gusur kaliyan tiyang saking papan sanes utawi dipun peksa pamarintah supados gesang salumrahipun.

Saking tapak-tilasipun tiyang wana ingkang taksih wonten, ing Amazon cacahipun paling ageng, sanajan tiyang-tiyang kasebat ugi sampun dipun-pengaruhi alam kamajuan. Sawetawis tiyang-tiyang kalawau taksih ngginakaken wana kangge panggenan bebujengan lan ngempalaken tetedhan, kathah-kathahipun Ameridian, sebatan ingkang umum katujokaken kangge tiyang wana kalawau, tanduran hasil bumi (kadosta pisang, manioc, lan uwos), ngginakaken barang-barang saking Kilen (kadosta panci, wajan, lan perkakas metal), lan nyambangi kitha-kitha pados tetedhan lan barang dhateng peken. Sanadyan mekaten, tiyang-tiyang wana menika saged nularaken ngelmu ingkang kathah babagan isen-isening wana kangge para panaliti. Ngelmunipun tetiyang wau babagan wit-witan obat ingkang dipun-ginakaken kangge ngusadani tiyang sakit boten wonten tandhinganipun lan piyambakipun gadhah pangertosan ingkang ngedab-edabi ngengingi ekologi saking hutan hujan tropis Amazon.

Ing Afrika wonten tiyang wana asli kanthi nama pygmies. Ukuran paling inggil saking tiyang-tiyang menika, ugi dipun-wastani Mbuti, arang ingkang inggilipun langkung saking 5 pecak. Ukuran badanipun ingkang alit ndadosaken piyambakipun saged tumindak ing wana langkung cekatan bilih katandhingaken kaliyan tiyang ingkang langkung inggil.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler