Bahasa Java



MENAPA INGKANG KADADOSAN KALIYAN PENDHUDHUK ASLI AMAZON?

Saderengipun tlatah enggal kapanggihaken dening Christopher Colombus ing abad 15, dipun prakirakaken sekitar 7-10 juta Ameridian (nama ingkang dipun ginakaken tumraping pendhudhuk pribumi Amerika) gesang wonten ing hutan hujan tropis Amerika, sepalihipun wonten ing Brazil. Kitha-kitha ageng wonten ing Andes lan Amazon menika kalebet masyarakat tetanen.

Duginipun bangsa Eropa dados pungkasaning panggesangan asli ing Amerika Tengah dalasan Kidul. Bangsa Eropa mbeta memala ingkang mejahi jutaan Ameridian lan ing jaman 100 taun saking duginipun tiyang-tiyang asing menika, cacahipun Ameridian mandhap ngantos 90%. Kathah saking pendhudhuk asli ingkang taksih bertahan gesang wonten ing nglebet wana, amargi kadhesek dening bangsa Eropa utawi sampun mbudi daya manggen wonten ing kelompok ingkang langkung alit.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler