Bahasa Java



LARE-LARE ING HUTAN HUJAN TROPIS

Sanajan lare-lare menika boten mirsani tivi, ngginakaken internet, utawi dolanan video game, lare-lare ing hutan hujan tropis ugi nindakaken kathah kegiatan ingkang saged kita tindakaken. Lare-lare dolanan sesarengan rencang-rencangipun, mbiyantu kulawarga ngayahi kuwajibanipun, lan kesah sinau.

Amargi lare-lare hutan hujan tropis manggen langkung caket kaliyan alam menawi katandhingaken kaliyan racakipun lare negari majeng, piyambakipun sinau bab-bab ingkang migunani wonten ing panggenanipun. Kawit alit, kathah lare-lare ingkang sinau mancing, mbeburu, sarta ngempalaken kekayon lan tetedhan saking wana. Boten lajeng kesah dhateng mall kangge pados karemenan. Lare-lare wonten ing dhaerah Amazon nelasaken wekdalipun wonten ing njawi, ing salebeting wana lan lepen.









Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler