Bahasa Java



HUTAN HUJAN TROPIS NGIRANGI EROSI

Oyot-oyotan saking wit-witan lan vegetasi hutan hujan tropis mbiyantu nahan siti. Menawi wit-witan dipun tebangi, boten wonten malih ingkang nahan utawi ingkang ngayomi permukaan siti lan siti ugi cepet kabekta toya jawah. Proses kabetanipun siti dening toya jawah kawastanan erosi.

Lajeng toya ingkang kabeta dhateng lepen badhe dados masalah kangge mina lan manungsa. Mina badhe sengsara amargi toya dados buthek, wondene manungsa badhe kangelan anggenipun nglampahaken prau amargi lepen langkung cethek awit saking kathahipun siti ing toya. Wondene para kadang tani badhe kelangan lapisan siti nginggil ingkang subur kangge tetanduran.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler