Bahasa Java



PENEBANGAN KAYU ING HUTAN HUJAN TROPIS

Salah satunggaling sebab utami perusakan hutan hujan tropis inggih menika penebangan wana. Kathah jinis kajeng ingkang dipun-ginakaken kangge prabotan, lantai, lan bangunan dipun pendhet saking hutan hujan tropis ing Afrika, Asia, lan Amerika Selatan. Kanthi mendhet kajeng tartamtu, tiyang-tiyang ing dhaerah kados Amerika Serikat sacara langsung mbiyantu perusakan hutan hujan tropis.

Sanajan penebangan wana saged dipun-laksanakaken kanthi pranatan ingkang ngirangi kerisakan lingkungan, tetep kathah penebangan liar ingkang sanget ngrisak lingkungan. Wit-witan ageng dipun blandhongi lan dipun seret satengahing wana. Margi ingkang sampun kabikak kadamel dening para kadang tani alit dados lalahan tetanen. Wonten ing Afrika para penebang wana gumantung dhateng kewan-kewan ing sakiwatengenipun kangge pikantuk protein. Piyambakipun mburu kewan-kewan liar kadosta gorila, kidang, lan simpanse kangge dipun tedha.

Panaliten ugi nemokaken menawi jumlah spesies ingkang dipun-panggihaken ing hutan hujan tropis ingkang dipun tebang langkung sekedhik tinimbang ingkang dipun-panggihi ing hutan hujan tropis ingkang taksih lestantun. Kathah kewan ing hutan hujan tropis boten saged nglestantunaken gesangipun kanthi ewah-ewahan lingkungan sekitaripun.

Pendhudhuk lokal racakipun gumantung dhateng penebangan wana ing hutan hujan tropis kangge kajeng bakar lan bahan bangunan. Wonten ing jaman rumiyin, tumindak kados menika boten ngrisak ekosistem. Kados pundi kemawon, wekdal sakmenika wilayah kanthi populasi manungsa ingkang ageng, mindhakipun pendhudhuk ingkang nebangi wana ing dhaerah hutan hujan tropis saged ngrisak sanget. Contonipun, sakathahing wilayah ing wana-wana ing sakupenging papan pengungsi ing Afrika Tengah (Ruwanda lan Kongo) sampun kecalan wit-witanipun sedaya.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler