Bahasa Java



PERANAN KEMISKINAN WONTEN ING PENEBANGAN WANA

Kemiskinan nggadhahi peran ageng wonten tumraping penebangan wana. Hutan hujan tropis sakngalam donya dipun-panggihi wonten ing pundi-pundi papan. Tiyang-tiyang ingkang manggen wonten ing hutan hujan tropis gumantung saking ekosistem kangge gesangipun. Tiyang-tiyang menika ngempalaken woh-wohan lan kajeng, mburu sato kewan alas kangge dipun tedha, utawi dipun bayar dening perusahaan-perusahaan ingkang meres sumber alam saking wana.

Kathah tiyang miskin ingkang boten gadhah pilihan kados ing tlatah Kilen ingkang saged dipun pendhet mekaten kemawon. Piyambakipun gadhah pilihan kangge nglajengaken kuliah saperlu dados dhokter, buruh pabrik, utawi sekretaris. Piyambakipun kedah gesang saking lingkungan sekitaripun lan ngginakaken sumber alam menapa kemawon ingkang saged dipun panggihi kangge nyambung gesang. Kemlaratan menika ndadosaken katunan warganing ngalam donya amargi ndadosaken kirangipun hutan hujan tropis lan panggesangan liaripun. Tanpa paring pitulungan dhumateng tiyang-tiyang menika, hutan hujan tropis boten saged dipun-slametaken.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler