Bahasa Java



DAMEL TAMAN INGKANG NGAYOMI HUTAN HUJAN TROPIS LAN ALAM LIAR

Damel wilayah-wilayah ingkang dipunayomi kadosta taman nasional menika cara ingkang sae kangge nglestantunaken hutan hujan tropis lan ekosistem sanes. Wilayah ingkang dipunayomi inggih menika papan ingkang pikantuk pengayoman amargi nilai-nilai lingkungan utawi budayanipun. Racakipun, wilayah ingkang dipunayomi katata dening pamarintah lan ngginakaken polisi wana kangge njejegaken pranatan ing taman lan ngayomi saking tumindak murang tata kadosta mbeburu lan penebangan wit-witan.

Ing wekdal sakmenika taman-taman angayomi spesies-spesies ingkang ngemplik telas-telasan. Sato kewan kadosta pandha, namung kapanggihaken ing dhaerah-dhaerah ingkang dipunayomi.

Taman badhe kasil langkung sae bilih dipun sengkuyung dening pendhudhuk lokal ingkang manggen wonten ing saubenging alas ingkang dipunayomi kasebat. Menawi pendhudhuk lokal rumaos handarbeni dhateng taman menika, piyambakipun badhe dados "community watch" ingkang angayomi taman saking penebangan wana ilegal lan beburuan tanpa idin.

Cara ingkang ndayani kangge angayomi hutan hujan tropis inggih menika ngajak pendhudhuk asli supados handarbeni dhumateng tatananing taman. Para pendhudhuk asli langkung mangertos ngengingi wana tinimbang sinten kemawon lan manjing ajur-ajer kangge njagi keamananing taman minangka ekosistem ingkang sampun maringi tetedhan, panggenan ingkang ayom, lan ugi toya resik. Panaliten sampun manggihaken bilih ing sakathahing perkawis "indigenous reserves" sejatosipun angayomi hutan hujan tropis kanthi langkung sae tinimbang "taman nasional" ing Amazon.

Taman-taman menika ugi saged mbiyantu perekonomian ing negari-negari hutan hujan tropis kanthi cara narik minat para turis asing ingkang mbayar bea mlebet, nyewa guide alam lokal, lan mendhet kerajinan lokal kadosta keranjang, kaos, lan gelang manik-manik.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler