Bahasa Java



MENAPA INGKANG SAGED KITA LAKSANAKAKEN ING GRIYA KANGGE MBIYANTU LINGKUNGAN

Wonten mapinten-pinten prekawis ingkang saged kita laksanakaken ing griya kangge ngirangi risakipun lingkungan.
  • mejahi lampu menawi boten dipun-betahaken. Menawi bolam lampu kedah dipun gantos, mangga dipun gantos mawi lampu hemat energi.
  • boten boros toya.
  • dhaur ulang.
  • Prayogakaken tiyang sepuh kangge nitih kendharaan irit bensin lan ampun banget-banget anggenipun manasi utawi ngasrepaken griya (mawi AC).
  • Ampun ngeculaken kewan ingon kesah sanajan kita sampun mboten ngersakaken malih. Menawi mendhet sato kewan, kedah dipunpesthekaken kita sampun siyaga ngopeni. Nggadhahi sato kewan ingon kedah mawi tanggel jawab.
Prekawis-prekawis ingkang saged kita laksanakaken kangge nglestantunaken hutan hujan tropis:
  • ampun mendhet produk ingkang kadamel saking lulanging sato kewan
  • ampun mendhet kewan piaraan langka ingkang dipun cepeng saking wana. Kita saged taken dhateng toko kewan napa kewan ingkang kasade menika asalipun cepengan saking alas utawi dipun tangkaraken. Sato kewan ingkang dipun ternakaken langkung ramah kanggening lingkungan.
  • mendhet dluwang asil dhaur ulang
  • ampun mendhet produk kajeng saking Indonesia, Malaysia, Brazil, utawi Afrika. Kajawi kita mangertos kajeng-kajeng kasebat saking suplier ramah lingkungan. Cara gampil kangge mangertosi menapa kajeng kasebat aman kangge hutan hujan tropis inggih menika bilih gadhah label sertifikasi. Conto label sertifikasi inggih menika "FSC-certified" ingkang ngemu teges kajeng kasebat saking wana ingkang dipun tata kanthi dangu.
  • sinau langkung kathah ngengingi hutan hujan tropis sarta wit-witan lan sato kewan ingkang gesang ing salebetipun. Cariyosaken dhumateng rencang lan tiyang sepuh bab wigatosipun hutan hujan tropis.





Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler