Bahasa Java



MENAPA INGKANG NDADOSAKEN HUTAN HUJAN TROPIS?

Saben hutan hujan tropis menika mligi, nanging wonten kawontenan tartamtu ingkang racakipun kapanggihaken wonten ing sedaya hutan hujan tropis.
  1. Panggenan: hutan hujan tropis manggen wonten ing dhaerah tropis
  2. Jawah: hutan hujan tropis pikantuk jawah ingkang kathahipun boten kirang saking 80 inci saben taunipun.
  3. Kanopi: hutan hujan tropis gadhah kanopi, inggih menika lapisan pang-panganing wit-witan saha ronipun ingkang kedadosan saking rapetipun wit-witan kalawau.
  4. Maneka warna biota: hutan hujan tropis gadhah maneka warna biota ingkang kasebat biodiversity. Biodiversity menika sebatan kangge sedaya ingkang gesang – kadosta wit-witan, sato kewan, lan jamur – ingkang dipun panggihi wonten ing sawijining ekosistem. Para panaliti pitados bilih wonten sepalih saking wit-witan lan sato kewan ingkang dipun-panggihi wonten ing ngalam donya menika gesang wonten ing hutan hujan tropis.
  5. Hubungan simbiotik antawis setunggal spesies lan sanesipun: spesies wonten ing hutan hujan tropis asring gegayutan. Hubungan simbiotik inggih menika hubungan kalih spesies ingkang benten kanthi cara ingkang sami-sami nguntungaken antawis setunggal lan setunggalipun. Tuladhanipun, sakathahing wit-witan ndamel rong-rongan alit lan gendhis kangge semut. Minangka piwalesipun, semut njagi wit-witan saking kewan-kewan sanes ingkang badhe nedha ron saking wit-witan wau.





Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler