Bahasa Java



KENGING MENAPA HUTAN HUJAN TROPIS NGGADHAHI MANEKA WARNA WIT-WITAN LAN SATO KEWAN?

Hutan hujan tropis nyokong sakathahing organisme ingkang gesang wonten ing ngalam donya. Sanajan namung mayungi kirang 2% saking permukaan bumi, HUTAN HUJAN TROPIS mayungi langkung saking 50% wit-witan lan sato kewan ing jagad raya. Ing ngandhap menika sakathahing conto kekayaning hutan hujan tropis:
  • Hutan hujan tropis nggadhahi 170.000 saking 250.000 spesies ingkang dipun-mangertosi wonten ing ngalam donya.
  • Amerika Serikat gadhah 81 spesies kodhok, wondene Madagaskar ingkang langkung alit saking Texas, gadhah 300 spesies.
  • Eropa gadhah 321 spesies kupu-kupu, wondene satunggaling taman hutan hujan tropis ing Peru (Taman Nasional Manu) gadhah 1.300 spesies.
Hutan hujan tropis gadhah mapinten-pinten wit-witan lan kewan wana amargi prekawis ing ngandhap menika:
  • Iklim: manggen ing dhaerah tropis, saengga mamber bab sunaring srengenge. Sunaring srengenge menika kadadosaken tenaga dening wit-witan ing proses fotosintesis. Amargi kathah sunaring srengenge, mila kathah ugi energi ingkang wonten hutan hujan tropis. Energi menika kasimpen ing roning wit-witan ingkang salajengipun dipun tedha dening kewan-kewan.
  • Kanopi: susunan kanopi ing hutan hujan tropis ndados papan ingkang wiyar tumraping wit-witan lan sato kewan kangge nglajengaken gesangipun. Kanopi maringi tuking tetedhan enggal, pengayoman, lan panggenan dhelikan, ugi nyedhiakaken papan mirunggan kangge sambung lan srawungipun mapinten-pinten kewan. Umpaminipun, wonten sakathahing wit-witan ing kanopi ingkang dipun-wastani bromeliads, menika nyimpen toya ing ron-ronipun. Kewan-kewan kados kodhok ngginakaken kanthong-kanthong toya menika kangge mbujeng lan nyimpen tiganipun.





Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler