Bahasa Java






MINA

Banyuning hutan hujan tropis kadosta lepen, lepen alit, tlaga, lan rawa-rawa dados papan kangge maneka warna spesies mina toya wantah. Lembah Bengawan Amazon piyambak gadhah 3.000 spesies ingkang dipun-mengertosi lan mbok menawi spesies ingkang dereng dipun mangertosi cacahipun taksih kathah.

Kathah mina tropis ingkang dipun ingah wonten ing akuarium toya wantah saking hutan hujan tropis, kadosta Angelfish, Neon Tetras, Discus, lan lele ingkang nedhi ganggeng saking hutan hujan tropis ing Amerika Sisih Kidul, wondene Danios, Gurameh, Siamese Fighting Fish (utawi Betta), saha Clown Loach saking Asia.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler