Bahasa Java



PRADABAN AGENG ING HUTAN HUJAN TROPIS

Wekdal sakmenika kathah tetiyang wana manggen ing dhusun alit utawi mraktekaken beburon lan ngempalaken tetedhan kanthi cara nomaden. Wonten ing jaman kina, hutan hujan tropis lan laladan sakupengipun nyengkuyung pradaban ageng kadosta Maya, Inca, lan Aztec ingkang masyarakatipun mawarni-warni lan maringi sumbangan ageng tumraping ilmu pengetahuan.

Pradaban ageng menika ngadhepi prekawis lingkungan ingkang sami kaliyan ingkang kita adhepi wekdal sakmenika (sudanipun wanageng, gerosipun siti, pendhudhuk ingkang kathah sanget, kekirangan sumber toya). Kangge suku Maya, risakipun lingkungan mbokbilih nggegirisi sanget saengga ndadosaken risakipun suku menika.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler