Bahasa Java



KAWRUH WIT-WITAN OBAT-OBATAN PENDHUDHUK ASLI

Salah satunggaling perangan ingkang paling nengsemaken saking panaliten hutan hujan tropis inggih menika ethnobotany ingkang dados pasinaon ngengingi kados pundi pendhudhuk asli ngginakaken wit-witan kangge ngusadani sesakit. Tiyang wana nggadhahi kawruh ingkang ngedab-edabi ngengingi wit-witan obat ingkang saged kaginakaken kangge menapa kemawon, saking dipun cokot sawer ngantos tumor.

Ngantos sakmenika, kathah resep obat ingkang dipun-ginakaken ing Eropa kapendhet saking wit-witan ingkang kalacak gadhah zat anti-kanker dening US National Cancer Institute ingkang namung dipun panggihi saking hutan hujan tropis.

Racakipun kawruh ngengingi wit-witan obat menika dipun-gadhahi dening dhukun utawi tabib saking dhusun. Asring dhukun ingkang ngrumat tiyang sakit wekdal upacara lan ritual ingkang rumit ngginakaken wit-witan ingkang dipun-kempalaken saking wana.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler