Bahasa Java
USGS


HUTAN HUJAN TROPIS MBIYANTU NJAGI PEREDARAN TOYA

Hutan hujan tropis mbiyantu nglestantunaken lumintiring toya. Miturut U.S. Geological Survey, “Lumintiring toya, ugi dipun mangertosi kanthi lumintiring hidrologi, nggambaraken lencering toya ing nginggil lan ngandhap permukaan bumi."

Peran hutan hujan tropis wonten ing ilining toya inggih menika nambahi toya dhateng atmosfer kanthi cara transpirasi (nalika ron-roning wana ngedalaken uaping toya saking fotosintesis). Uaping toya menika mengaruhi jajaran mendhung lan jawah ingkang ngonduraken toya wangsul dhateng hutan hujan tropis. Ing Amazon, 50-80% saking uaping toya tetep wonten ing ekosistem ilining toya.

Menawi hutan hujan tropis dipun pangkas, uaping toya ingkang mlebet dhateng atmosfer saya kirang lan jawah ingkang tumetes ugi suda, malah kadhang kala ndadosaken kekeringan.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler