Bahasa Java



AGRIKULTUR WONTEN ING HUTAN HUJAN TROPIS

Saben taun, maewu-ewu mil hutan hujan tropis dipun-icalaken kangge tetanen. Kalih kelompok ingkang kedah tanggel jawab ingkang ngowahi hutan hujan tropis dados siti tetanen inggih menika para kadang tani alit lan perusahaan ageng.

Para kadang tani alit gumantung saking penebangan wana kangge nyekapi kabetahan kulawarganipun. Supados angsal siti tetanen ingkang langkung sae, para tani wau ngginakaken cara tebang bakar kangge reresik wana supados langkung cepet. Racakipun para tani nenandur ing siti wau mataun-taun saengga siti telas gemburipun lajeng pindhah papan enggal wonten ing lebet wana.

Perusahaan-perusahaan tetanen wekdal sakmenika ngresiki langkung kathah hutan hujan tropis tinimbang saderengipun, mliginipun wonten ing Amazon ingkang kathah siti wana dipun dadosaken lahan kedhangsul. Sakathahing sarjana pitados menawi wonten ing wekdal sanes Amerika Kidul badhe nggadhahi wilayah tetanen ingkang wiyaripun saged nglangkungi ing Amerika perangan tengah kilen. Kathah saking siti tetanen menika kedah ngorbanaken hutan hujan tropis Amazon.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler