Bahasa Java



LESTANTUNAKEN HUTAN HUJAN TROPIS KANTHI PAMULANGAN

Pamulangan inggih menika perangan wigatos kangge nglestantunaken hutan hujan tropis ing ngalam donya. Tiyang-tiyang kedah saged mirsani kaendahan lan mangertos wigatosipun wana-wana menika saengga kersa angayominya. Pamulangan lingkungan kedahipun dipun-wucalaken ing negari-negari Kilen kados Amerika Serikat lan negari-negari ingkang gadhah hutan hujan tropis kadosta Bolivia lan Madagascar.

Ing Amerika Serikat, tiyang-tiyang kedah mangertosi jejibahan kangge nduwa saya kirangipun hutan hujan tropis. Minangka tuladha, mundhut produk-produk tartamtu kadosta mahogany ingkang saged nyandhet perisakan hutan hujan tropis ing negari-negari sanes. Menawi tiyang Amerika damel usaha kangge sinau lingkungan, mesthi badhe mangertosi menapa kemawon tunanipun ingkang badhe kataman menawi hutan hujan tropis ical. Piyambakipun ugi saged damel keputusan kangge mundhut asil sarta nyengkuyung perusahaan lan organisasi ingkang mbiyantu hutan hujan tropis.

Ing negari-negari hutan hujan tropis, pendhudhuk lokal kadhang kala boten mangertos menapa wigatosipun hutan hujan tropis. Kanthi program pamulangan, piyambakipun saged sinau bilih wanagung paring sumber kunci (kadosta toya resik) lan dados panggenaning kewan lan wit-witan ingkang boten dipun-panggihi ing perangan sanes ing ngalam donya. Seperangan lare-lare kados Madagaskar mangertos menawi lemur boten dipun-panggihi ing Amerika. Piyambakipun ketingal bingah rikala mangertos menawi lemur namung gesang wonten ing Madagaskar.









Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler