Bahasa Java



REHABILITASIKAN LAN PEMULIHAN HUTAN HUJAN TROPIS

Kangge angayomi hutan hujan tropis, kita ugi prelu mangertos kados pundi wana ingkang risak saged dipun damel sae malih. Sanajan mokal kangge nandur hutan hujan tropis malih, sakathahing hutan hujan tropis saged pulih bibar dipun tebangi, utaminipun menawi pikantuk pitulungan kanthi cara nenandur wit-witan malih. Ing sakathahing panggenan, saged ugi ngginakaken lahan wana ingkang dipun tebangi dipun-dadosaken lahan tetanen saengga saged nyedhiakaken tetedhan kangge tiyang-tiyang ing sekitaripun. Menawi sampun gadhah tetedhan, tetiyang boten perlu nebangi wana langkung kathah kangge tetanduran.

Salah satunggaling asil panaliten ingkang cekap njanjekakan adhedhasar masyarakat kina ingkang gesang ing hutan hujan tropis Amazon saderengipun bangsa Eropa dumugi rikala abad kaping 15. Pranyata piyambakipun saged nyuburaken siti hutan hujan tropis, ingkang racakipun tandhus, ngginakaken areng lan bebalunganing kewan. Kanthi ningkataken kesaenaning siti, kathah tlatah Amazon ingkang dipun tebangi saged dipun-ginakaken kangge nyengkuyung tetanen. Menika saged ngirangi tekanan wonten ing wilayah HUTAN HUJAN TROPIS kangge lahan tetanen. Kejawi saking menika, siti ingkang kawastanan siti "terra preta" saged dipun ginakaken kangge paring pitulungan dhumateng pemanasan global amargi ugi saged nyerep karbon dioksida lan gas griya kaca, ingkang wigatos.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler