Bahasa Java



PRAYOGEKAKEN TETIYANG SUPADOS GESANG INGKANG BOTEN NGRISAK LINGKUNGAN

Perangan wigatos kangge nglestantunaken hutan hujan tropis lan lingkungan inggih menika maringi seserepan dhumateng tiyang-tiyang supados gesang ingkang boten ndadosaken risakipun lingkungan sekitar. Nitih kendharaan ingkang ngirit bahan bakar, ngirit anggenipun ngginakaken toya, mejahi lampu menawi boten dipun betahaken, lan ugi dhaur ulang. Menika cara-cara ingkang saged kita lan kulawarga kita tata laksanakaken saperlu ngirangi risakipun lingkungan.

Menapa kemawon ingkang saged kita leksanakaken kangge ndandosi lingkungan?

Ing negari-negari hutan hujan tropis, kathah sarjana lan paguyuban ingkang makarya saperlu paring oitulung pendhudhuk lokal supados gesang kanthi boten ngrisak lingkungan. Sakathahing tiyang mastani gagasan menika "sustainable development" (pembangunan ingkang tansah lumajeng saha gegayutan). Sustainable development gadhahi sedya badhe ningkataken panggesanganipun masyarakat sesarengan angayomi lingkungan. Tanpa ningkataken tarapipun gesang masyarakat ingkang manggen wonten ing sekitar hutan hujan tropis, angel sanget kangge angayomi taman lan alam liar. Supados taman-taman kasebat saged migunani, masyarakat lokal kedah remen dhateng konservasi.







Home | Bahasa Indonesia | Legal | English | PDF

©2008 Rhett Butler